Berita Baru
Loading...
Sunday 20 December 2015

ĒNGGIH BUNDE


Muhammad Rois Rinaldi

ĒNGGIH BUNDE
Ēnggih Bunde, lēmah puniki
lemah lempung dede sēmbrang-sēmbrang
kangge nandur pari.
—welingi lan kerokot
sedawan-dawan galeng pade cukul—
Lamun bisuk wong putih rawuh
numbasi sios tēkē sios
Sēpēlilit, Sabrang, Pēmēngkang,
Kali Bes ugah Bantēn Lor tēlas
Sēdantēn kanggē damēl pabrik
—sing botēn ayun mēnēng munine—
kulē nandur ati ing lunteng,
nandur gēni ing jēro badan.
Singmatēk angkarē bakale rawuh,
katah sing boten ingēt.
durnē botēn wentēn tolak balane,
menusē kelangan cēcēpēngan.
Sēsampune nikulah pertingkah,
saban bēdug magrib
Langgar ngilari bocah-bocah sēlawatan,
imam ngilari jēmaah.
Sing tue kari linglunge,
sing ēnem kari edane.
Ēnggih Bunde, lēmah puniki
lemah lempung dede sēmbrang-sēmbrang
kangge nandur pari.
Lēmah puniki kangge tandur urip lan kēuripan.
Ngan katah sing botēn kējagjag,
boten ngērti.
Kramatwatu,
Robi’ul Awal 1437 H

0 komentar :

Post a Comment

Back To Top