Berita Baru
Loading...
Thursday 17 September 2015

Sejarah Komunitas Bahasa Jawa Serang (BJS)

 
Komunitas Bahasa Jawa Serang (BJS) puniku komintas saking group Facebook. Komunitas niki didamel kaping 17 Nopember 2010. Pendirine diantarane puniku Qizink La Aziva, Ibnu Marhas, lan Lulu Jamaludin. Awal mulane komunitas puniki cuma khusus kangge para wartawan asal Serang sing biasa ngangge Bahasa Jawa Serang ing dalem obrolan sedinten-dintene. Lambat laun katah masyarakat umum sing ayun gabung. Admin group laju ngebuka group puniki dados group terbuka sekitar pertengahan tahun 2011.

Sampe anggota group Komunitas BJS luwih saking 16.000 anggota. Selain saking Serang, Cilegon, lan wilayah Banten laine, anggota komunitas puniki geh wenten sing asal atawa netepe ning luar wilayah Banten bahkan sampe ning luar negeri, kados ning Arab, Qatar, Malaysia, Singapur, Prancis, Korea, lan liane.

Tujuan komunitas niki kangge ngelestarikaken lan ngebiasakaken anggota komunitas ngangge Bahasa Jawa Serang. Matak sedanten status/komentar ning group facebook Komunitas BJS diwajibaken ngangge Bahasa Jawa Serang. Group puniki geh didamel kangge sareng-sareng anggota liane geginau Bahasa Jawa Serang, terutami bebasan. Sing boten antuk ning group BJS puniku status/komentar tentang politik praktis, nyinggung SARA sing bangkit damel permusuhan, status sing nyinggung pribadi/kelompok liane.

Ngisungi bantuan kangge penderita gizi buruk ning Benggala, Kota Serang


Selain ngelestarikaken Bahasa Jawa Serang, komunitas niki geh aktif ning beragam kegiatan sosial, misale ngisungi bantuan ning lokasi bencana, bantuan pasien miskin, bantuan alat belajar kangge keluarga miskin, bedah rumah, lan liane. Kegiatan sosial anggota Komunitas BJS niki salah sios bentuk semanget motto BJS, "Cantelan lan Deduluran".

 Kangge dulur-dulur sing ayun gabung Komunitas BJS katuran gabung saos ning group Facebook. Gratis! Sing ayun ngisungi sumbangan kangge kegiatan sosial BJS katuran kirim ning Nomor REKENING RESMI BJS

BNI Syariah Cilegon, KCP Serang No.Rekening: 352433669
a.n. Farid Supriadi (admin)

1 komentar :

  1. I got the new the king casino no deposit bonus【Malaysia】
    https://tricktactoe.com/ William】pinterest in 2021, poormansguidetocasinogambling.com communitykhabar the 바카라 king goyangfc.com casino no deposit bonus,【WG98.vip】⚡,taylorlancer,taylorlancer,golfking.

    ReplyDelete

Back To Top