Berita Baru
Loading...
Tuesday 17 November 2015

Kumpulan Puisi Jawa Serang Encep Abdullah



Encep Abdullah


ORE DUWE RAI
endas negebelenger
keakehen dose
tapi gusti pengeran ore bosen-bosen
ngegei pintu maafe

kite iki menuse ore duwe rai
digei ati jaluk jantung
kudunemah ditempiling
genah sadar
sesadar-sadare

Pontang, 8 September 2014


GELATI PAHALE

kudu geleti ape maning ning dunie iki
selain gelati pahale
ore kaye, uwong pade edan ning dunie
ngtetokaken udel-udel sing ore jelas juntrungane
silit ning endi-endi

barang malaikat nyeluk
pahale mbekan setemet
“durung siap,” jerehe
“endah tuman,” nyeletuk malaikat

Pontang, 8 September 2014


GENAH APE SEKOLE

barengemah kepiasem lamun uwong iku mikir
genah ape di sekolahaken
tapi kelakuanmah bejad kaye setan
kaye wirog sing doyan ngageti uwong lewat
badan gede, ale, lan ore duwe isin

barang di deleng-deleng maning ning kace
iye galihmah, genah ape wong tue nyekolahaken
lamun udu genah kitane dadi uwongmah
sing berbakti ning agame, bangse, lan negare

kadang memang, sekole genah pelarian doang
saking wong tuwe sing doyan marah-marah ning umah
anake ruwed, lan kegawe-gawe ruwed ning sekolahan
sing malah ruwed sape?
gurune

Pontang, 8 September 2014


DEDOLANAN BENGEN LAN SIKI

lake maning dedolanan sing bengen kite maenaken
kaye jejelenggoran, bentengan, rok umpet, tempelengan, serimpungan
siki wis keapus kare dunie maye sing nguras waktu lan otak
gambar lan pilem-pilem wong gede sing ore jelas gampang diembil
ngerusak akhlak bocah-bocah cilik sing masih mambu kencur

bengenmah kite dedolane bebeligir ning berimah
dedabul kaye kebo ning sawah, cungur poloden ning endi-endi
tapi teger bae wong rumase iku dedolanan sing bener
sikimah cilik-cilik wis nyekel hape, nyekel tablet, nyekel leptop
sampe nyekel-nyekel wadon karene kiblate nonton sinetron-sinetron

gusti allah, urip iki cepet temen berubahe
tulung aje kiamat dipit.

2014

ILMU SING IKHLAS
: ceramah zaenudin MZ

pade dasare urip iku mati
kecuali sing duwe ilmu

pade dasare ilmu iku turu
kecuali lamun diamalaken

pade dasare ilmu iku nipu
kecuali dipegaweni sing ikhlas

2014
TETAKON DEWEK
lagi gering inget ning pengeran
lagi sehat inget ning setan

kapan kite ore inget ape-ape?
2014
BERIT KANTOR

kegeludag picis ning kantor berit pasti metune gati
ning jerone wis ngumpul otak-otak setan
sing dirase deweke doang sing urip ning dunie iki
galimah wong cilik pade melider gelati beras

kadang gah sekul aking diangeti maning ning pawon
ngeseni weteng sing gegeruyukan sing wingi

wong sing ning kantor ikumah ore duwe isin
sampe kepising-pising digerudug ning rakyate gah
tetep bae nutup kuping akune ore kerungu ane wong ngomong

kuping berit-berit iku kudu dikuwek
sampe kene tetaine terus dijejeli ning cungure

lamun masih bae mengkonon
mending digudur kare bensin
wis mateng dokoni uyah lan micin

2014


DUNIE LAN AKHERAT

lamun sire percaye ning iman
delengen laut sing pasang-surut

lamun pengen weruh bedane dunie lan akherat
cobe celubaken penuduh sire ning laut

sing teles iku dunie
sisane iku akherat

2014



SILIT MUNEL

delengen perawan-perawan lan emak-emak siki
ning kampus, ning mol, ning endi-endi
senjatane cuman loro: silit lan dade

mate wong lanang endi sing ore melotot
ngedeleng silit munel ngeledek ati
gawe endas ngubeng kaye layangan lake buntute

mate wong lanang endi sing ore ngebelenger
negedeleng susu diobral gondal gandul
galih ditutupi tapi nyedot ati

kudune melakune merem atawe gawe rabi
senajan dedeleng gah masih bise diawasi

2014

WONG DEDEMENAN

lanang wadon sing pade demene
ore inget maning rasane empedu iku pahit
rasane bak madu sing nempel ning untu

lanang wadon sing pade demene
iku kaye kucing deleng iwak ning pawon
pengene nyengkrem bae ore gelem meneng

lanang wadon sing pade demene
kadang pade bae edane
sampe beberojol orok sing ore kudune

jere wong lanang sing gebleg:
gue lihat, gue pikat, gue sikat, gue minggat
jere wong wadone:
bangsat!

kudunemah kawin iku surat dipit
terus urat

udu urat dipit
terus surat

iku keparat!

2014


DUIT
gawe lare endas.
2014

HARGE
aje dipikiri lamun cengek hargane larang
hargane sepiregah tetep bae pedes

aje dipikiri lamun uyah hargane larang
hargane sepiregah tetep bae asin

aje dipikiri lamun gule hargane larang
hargane sepiregah tetep bae manis

aje dipikir lamun endog hargane meledog
sepiregah tetep bae dibadog

urusan wetengmah ore bise ditawar-tawar
wayahe manganmah mangan bae
senajan larang!

Serang, November 2014


WONG ISLAM

ngaku wong islam
tapi ore salat

kiamat!

Serang, November 2014



KEURIPAN

wis ketelimbeng kitemah lamun ane ning umah
ning dermage lake bocah-bocah menjogrog
:gegitaran atawe maen karambol

sikimah pedewek-dewek
pirang-pirang uwong gah wis pade ngingoni wadon
ape maning wis pade beberojol
gati diajak dedolane

pengen rasane urip kaye bengen maning
maen layangan, maen gandu
adus ning kali sembari untal-untalan tai
rasane urip iku bahagie

sikimah wis pade weruh picis
ore kepikiran ngeneng-eneng pikiran
sing semrawut iku

arane urip
sekebahe kudu berubah.

Serang, Januari 2015


JEREH IBU

sekole sing bener!

Serang, Januari 2015


JEREH BAPAK

ngaji sing bener!

Serang, Januari 2015



BUKU LAN WADON
yan, tonggine be mengkogah ane waktu sing pas
sing kudu dilakoni saking kite
selagine matahari masih ane lan nyape sire tiap subuh
ape bae tak pegaweni lan tak pikul genah sire

yan, picis sing bengen ore jelas iku
mbekan tak sadari siki
pade ning endi galimah recehan-recehan iku
eman temen rasane di pangan angin
dadi entut

yan, wong tuwemah kudu bae ngingetaken
aje ngentakaken duit sing ore puguh
cobe ditabung setemet-setemet
suwe-suwegah dadi gunung

bokantah genah masa depan sire
udutah sire iku bakal kawin
seorane duite disimpen
aje bebadoge buku bae
:jereh wong tuwe

buku lan wadon iku ibarat sisi mate duit
sing ore bise dipisahaken kebutuhane
: jereh kite

Serang, Januari 2015














Biodata Penulis
Encep Abdullah. Lahir di Serang, 20 September 1990. Alumnus Jurusan Pendidikan Bahasa dan Sastra Indonesia Universitas Sultan Ageng Tirtayasa (Untirta) Banten. Tulisan-tulisannya pernah dimuat di Buletin Jendela (Kampus), Kabar Banten, Banten Raya, Banten Post, Radar Banten, tabloid Banten Muda!, tabloid Ruang Rekonstruksi, majalah Aneka Yess!, majalah Esquire, Rumah Dunia.net, Pikiran Rakyat, Lampung Post, Riau Pos, Jurnal Nasional, Bali Post, Republika, Solopos, Radar Surabaya, Pos Kupang, Minggu Pagi, Sdan Suara Merdeka, serta beberapa antologi buku. Bunga rampai yang sudah dibukukan:  Bismillah, Aku Tidak Takut Gagal (Kisah Motivasi, QultumMedia), Mangga Golek Impian (Cerpen, Abatasha Publishing), Negeri Cincin Api (Puisi, PP Lesbumi), Bulan Kebabian (Cerpen, Belistra), Iris Hitam (Cerpen, Leutikaprio), Fragmen Ciuman di Bawah Hujan (Cerpen, HM Group), Dear Mama #7 (Surat untuk Ibu), Tuhan, Izinkan Aku Menjadi Durjana (Cerpen, Leutikaprio), Palingan Wajah Garuda (Cerpen, antarnusa), Malam adalah Jendela (Puisi, Diksatrasia Untirta), A Memorable Journey (Catatan Perjalanan, Dar Insyirah), When I Broken Up (Kisah Konyol, Leutikaprio), Sarkofagus (Cerpen, Belistra), Poetry Poetry 120 Indonesian Poets: Diverse (Puisi Dua Bahasa: Bahasa Indo. dan Bahasa Ingg.), Berbagi Kasih (Puisi, Sahabat Kata), Omnibus (Cerpen, Gramedia), dan Dari Kaboa hingga Karto Lamus (Cerpen, Asas UPI). Bergiat di Kubah Budaya (Komunitas untuk Perubahan Budaya), Belistra (Bengkel Menulis dan Sastra). Pernah mengikuti kegiatan-kegiatan yang katanya serius, semisal Majelis Sastra Asia Tenggara: Cerpen di Bandung, Gramedia Writing Project di Jakarta, dan temu sastrawan Mitra Praja Utama (MPU) VIII di Banten, dan Fokus Sastra UPI Bandung. Terpilih menjadi 10 penulis terpopuler oleh penerbit online Bitread atas bukunya berjudul Wisata Bahasa. Kesehariannya sibuk menulis dan mengajar (di sekolah dan lembaga bimbel). Sesekali menjadi pemateri workshop kepenulisan. Kini tinggal di Perum Bumi Mutiara Serang (BMS), Blok O 16, Terminal Pakupatan, Serang—Banten dan sesekali pulang ke negeri asal, Kp. Burak, Ds. Singarajan, RT 04/02, Kec. Pontang, Kab. Serang, Banten.


Email: encepabdullah@rocketmail.com

3 komentar :

  1. Assalamu'alaikum. Dulur, kule fahmi, saking Desa Domas, kec. Pontang - serang. kule sampun damel buku judul : BOntot Domas (Kumpulan Pantun dan Puisi Anak bahasa jawa Banten) mengenalkan bahasa jawa bebasan melalui pantun dan puisi. buku nik terinspirasi ninggali tulisan dulur niki.Encep Abdullah.
    dolan ning geriye kule ning kampung dolar -panecekan desa kubang puji.

    ReplyDelete
  2. Assalamualaikum
    kak, izin copas ya...

    Saya pilih beberapa puisi Jaseng ini untuk penampilan di acara sekolah.
    hatur nuhun :)

    ReplyDelete
  3. Semoga semakin banyak peminat yg suka membaca puisi jawa banten

    ReplyDelete

Back To Top