Berita Baru
Loading...
Wednesday 2 September 2015

Solawatan Bahasa Jawa Serang

Karena seniki wulan Rajab, kula inget solawatan tentang Nabi Muhammad sing elok dinyanyiaken ibu kula lagi kula maler alit. Niki solawatane.


Eling-eling sanak dulur
wulan rajab kang masyhur
ing kaping pitulikur
me'raje kanjeng rosul

ing waktu nabi isro
maring masjidil aqso
nunggang burok kang mulya
lampahe sasat mabur

den aping malak jibril
serta malak mikail
burok melampah tampil
sewiwine den ulur

nurut siyos cerita
saking ahli wawarta
nyerios nabi kita
kitab mi'roj wis (cetur)

waktune malaikat
jibril mikail mangkat
maring nabiyil umat
turun miring jeng rosul

turun ing dalem hajar
ismail kang kawentar
ing sanding baitul jabar
baitullah kang masyhur

kang mulya jibril rawuh
mikail gapah-gupuh
serta berpuluh-puluh
ewu malaikat ngabrul

per malaikat mondong
kanjeng nabi den bopong
maring panggonan kosong
pernahe pinggir sumur

banyu zam-zam arane
den beleki dadane
lan den kumbah kolbune
saking ujub takabur

mikail ngebaturi
ping telu wura wiri
bakta zam-zam nganteri
wadahe mas tinebur

qolbu rosul wis suci
saking sifat kang benci
sampun kebek den isi
hikmat lan iman luhur

ilmu lan keyakinan
'arisy lan keislaman
.........................
penuh ing dada rosul

... welikat
den cap nabi pangkat
..... salat
....... umat jujur

nuli nabi taleni
burok kang den pakeni
rosul kersa nunggangi
burak gerenjal mundur

ngandika jibril tenang
anatah ora wirang
... burok ora nunggang
nabi kang luwih luhur

seliyan gusti nabi
.... gusti robi
kang bakal ngaubi
kekabeh kang pinunjul

iki nabi Muhammad
panutan kabeh umat
burok anteng tur hikmat
wirang keringat ngucur

(sing wenten titik2 puniku artine boten kebaca ning kitab asline. Dadi, kulane risi bokan salah. lamun wenten dulur sing uning solawatan nini, sok bae tambahaken atawa beneraken sing salahe)

0 komentar :

Post a Comment

Back To Top