Berita Baru
Loading...
Sunday 20 September 2015

Silaturahim lan Baksos Kangge Nyi Minah Ning Waringinkurung

Nyi Minah

Dinten Ahad kaping 20 September 2015, Komunitas Bahasa Jawa Serang (BJS) silaturahim sekalian baksos ning griya Nyi Minah, ning Desa Legokmenteng, Kecamatan Waringinkurung, Kabupaten Serang. Rombongan saking serang berangkat ngelewati jalur Alun-alun Kramatwatu, lan dulur-dulur saking Cilegon berangkat lewat jalur Serdang.

Sekira jam 14.00 rombongan istirahat kerihin ning Pasar Waringinkurung. Selain ngumpulaken sumbangan saking anggota BJS, dulur-dulur geh belanja barang-barang sing ayun disumbangaken kangge Nyi Minah.
Jarak griya Nyi Minah niki boten tebih saking Pasar Waringinkurung. Paling limang menit numpang motor.

Sungkem ngisungi bantuan kangge Nyi Minah.

Nyi Minah tinggal dewekan ning griyane. boten derebe pecil. Lakine sampun lambat almarhum. Nyi Minah derebe kalih adi, sing griyane pepedekan. Adi sing pertami kondisine gering diabetes. Adi bungsune sing umure sampun 60 tahun munjuk maler rade jagjag ngedampingi Nyi Minah.

Griya Nyi Minah rade ngeprihatinaken. Saka genah nulang genteng arep umahe sampun miring. Gentenge sampun pade ayun meruluk. Griyane sing disemen plester maler gaye bengen, wenten lembedang, sobong, lan bagian buri dados pawon. Pawone gubuk kayu sing sampun bolong-bolong lan gentenge kados ayun ambruk.  
Srikandi BJS foto bareng Nyi Minah lan adine Nyi Minah

"Teteh mah boten gelem meneng. Bebersih sangkrah. Umure wenten kadose 80 tahun mah," cerita adine Nyi Minah pas nerima rombongan BJS. "Niku jeriji sikile geh ketatu," lanjut adine sembari nunjukaken jeriji sikil Nyi Minah sing ngegetih.

Kangge dahar sedinten-dinten kadang adine atawa tetanggane. Lamun pas musim panen tangkil, Nyi Minah maler milet kekuli ngocek kulit tangkil. "Masake dewek saos. Sok boten ayun dimasakaken mah," cipeh Irog, tetangga Nyi Minah.

Bagian pawon griyane Nyi Minah
Ngobrol sereng Nyi Minah sampun rada gantos karena sampung kirang pemireng. Nyi Minah geh sampun boten tenget kapan lahire maklum saos karena sampun sepuh. Sios kalih Srikandi BJS sing ngobrol sareng Nyi Minah lan adine Nyi Minah rade nyingsrek mili banyu matane. Nape malih pas salah sios srikandi BJS nyerahaken bantuan sembari sungkem.

Sederenge dulur-dulur BJS mantuk, Nyi Minah ngaturaken nuhun karena sampun didengok. "Kule terima dan kule enda sukane," cipeh Nyi Minah suarane elon. (*)
Foto bareng ning bagian arep griyane Nyi Minah

0 komentar :

Post a Comment

Back To Top