Berita Baru
Loading...
Sunday 6 September 2015

[Puisi] WEWATES

Karya : Muhammad Rois Rinaldi Bisuk sesampune jemenggreng mayit ing katil dipikul elonelon ing duhur galeng sebatur-sedulur azan-qomat-tahlil-talkin diwace semengkono tartil ing lelandak kubur mayit tumungkur. Setindak rongtindak: sing didemeni-sing disengiti ape bayah boten kepituruti kekarep ati menengmeneng ilang ambune- ilang abane-ilang! lamun tumeke waktos, ning pundi ngilari pitulung? ati kang dipepeti pepisuh luwih saking suwung. Pertingkah kang bakal dipetuki saban menuse senajan kedirendiren senajan melayu tumeke kidul ing kubur sedanten bakal kepetuk wates rangkul. Cilegon-Banten, 30 Oktober 2012

0 komentar :

Post a Comment

Back To Top