Berita Baru
Loading...
Wednesday 16 September 2015

Pramugari Ngomong Bahasa Jawa Serang


Lur... Mengkenen kih lamun pramugari JASENG AIR ngegei instruksi ning penumpang nganggo Bahasa Jawa Serang....


“Dulur2 penumpang, delet maning kapal iki arep mabur. Sadurunge, kite Rodiyah binti Sobled karo pramugrari liyane arep ngegei weruh carane ngadepi keadaan darurat. Klambi plembungan ana ning slesepan sor jok, dinggo mun kapal mabur iki nyemplung ning laut.”
“Carane njukut klambi sing slesepan terus dinggo, tarik taline endah klambine mlembung kaye wong jemblung, endah dulur2 ora pada klelep ning laut. Ati-ati aja dibeset mengko klambi plembungane berodolan, terus sire kabeh modar klelep lake sing nulungi. Pipa karet didamu endah lampune kedap-kedip dadi bisa dideleng sing kadohan. Klambi mlembunge aja dicolong atawa digawa balik, mun keweruhan tak tempiling bolak balik.”
“kapal mabur iki ana nem lawange, loro ning ngarep,
loro ning sewiwi, terus loro maning ning mburi. Mun kapal kurang hawa nggo ambekan, mengko srosot bar metu dewek masker oksigen sing loteng kapal. Lamun masker wis mecothot, gagiyan dinggo, ambekan kaya biasane bae, aja ngos-ngosan, mbokan penumpang liane pada wedi. Semene pengumuman sing Rodiyah. Lamun arep maca majalah atawa Koran, ana nang slesepan jok arep. Mun arep mutah uger enggo plastik ningg ngisor jok. Aja mutah blepeten enek ngedelenge trus mengko kite sing repot ngebersihine.”
“Lamub arep nguyuh, kakuse ane ning buri. Aja nguyuh bari udud, mun keweruhan tak uyuhi sekalian los geh. Aja ngising disit ya mun masih mabur, mbokan t*ine nibani nempol ning ndhase wong-wong sing ning pasar. Mun kebelet temen ya sabar disit ning bandara bae ya.. mengko mun wis mudun. Aja nguyuh ning kakus bagian arep ya, iku mah genah wong sugih..”
“Wis lah..cangkeme kitane pegel ngebecos ngecaprak bae. Tak doakaken moga-moga kabeh slamet waras sampe bisa mudun maning."

0 komentar :

Post a Comment

Back To Top