Berita Baru
Loading...
Thursday 3 September 2015

[Cerpen] Terwengkal



Cerpen : Niduparas Erlang
Penyulih : Ali Faisal

Terwengkal gedene sekire silit gelas romen belimbing, kaye angganane wis pade kaye wangwe kayu sing lagi ngobonge, abang murub genine, kaye seumpamane cabe sing mateng ning uwite. Semonone gah Durahim masih bae ngewulak-walik kare cepitan papa kelape. Kaye waktu deweke ngegarang delan guna gawe sambel, weh, sambel..., wis lawas rasane, kire-kire semingguan ore mangan kelawan sambel. Senajan tetepmangan ngenggo gegodongan. Camplang seh, tapi wis mengkonon kudune, gegodongan kaye godong kemangi, godong sintrong, godong gandarie, jering sing lagi ti ondoni, atawe pete cina, lan sebangsane mase ngelayah ning berima tinggal karepe. Kari ngunduh kari manek. Tepi cabe? Waduh gusti, ngebayangaken petengtangan Durahim dadi gawe ngelenyer. Apik maning lamun ngebayangaken segegem cengek ti gerus tolian ti urap-urapakeun ning seputer barange Durahim, jelilingen kepanasen, pergele, kaye angganane larane pade kaye lare jejeringen atawe anyang-anyangeun lagi ti rasakaken, lagi terus ti gelatekakaen tambane.
Durung merong kayane, lan jelas bae terwengkal sing lagi ti garang kuen mambune dudu kaye mambu terasi sing ti tunu. Atawe mambu tunuan iwak asin, senajan sekarone ti tunu ngenggo jepitan papa kelape, sing kepengan gencang-gencang ti entas, kengelan ti angkat saking tungku bate kuen.
Lebah iki, Durahim ore gemek-gemek, senajan wis sing mau wangwe ngebul gawe pege­­-padane kaye pucuk lelencip lading sing ti tempelakeun ning petit idep, tapi ore aweh ketip, atawe ti tetesi banyu cabe. wis pirang-pirang balen mengkenen kien sing dadi metu banyu mate lan watuk ngerejet-ngerejat. Wis embuh, kebul beleman belarak kelawan kayu rambutan, ti tambah sepet kelape, ti rasane lebih lare ti bandingaken klawan penjaluk rabine sing bahenol leleur ngejaluk pepisahan. Larane gawe jengkel ning ati, apik maning saiki, deweke lagi kenang jejeringen sing gawe endas bengel ore bise turu. Ah, wis endahlah matane abang, asal rabine ore muring-muring gare-gare penyakit ore jelas kien. Penyakit sing tekane ore tepat ning waktu lan tempate. Jerehe, La kudune mah, pas kare kondisi kien, giliran anak-anake ngaji gerabadan entas magrib sampe ning isye, kudune Durahim koh “manek” ngenafkai batin neng rabine senajan ning dipen gapuk gah.
Ye mengkonon, sing mubengi Durahim gering lare beboyok kare petengtangane kerase panas, perih, lare lan abot. Kayane kuh ane segembolan watu-watu ingdalem pengrasane kuen. Ane ewuan jumlahe dom cilik sing nungce-nungceb saking jero ptengtangane. Uge dewekanane kongang ketuwon, unggal nguyuh, ngerasakakaen perih lan panas sing jero “barange” tatkale stitik-stitik banyune netes, sing beneran gawe ngegereges sing ati sampe badane.
Barang sedenget maning, kelabet nguyuh maning sing gawe pegel kerane larane kuen, mangkane ti cepit sambil ngetokaken terwengkal seng kayane wis beneran puwwanase, waduh gusti, puwwanase tulung urip mbok, abang-ireng warnane, kaye tes ti emut ning cangkeme nerake, ti cengkiwing terwengkal kare papa kelape, sehingge hawe panas terwengkal puniku ngalih ing papa kelape, ngejejeg nyureng matane sing siwer, ti pelototi sambil ti demak, cukup, jerehe, ngeses-ngeses lan teruse ngeregelaken terwengkal ning sor lemah sing rengat, rade minggir sebelah kiwe saking tungku kuen. Seteruse Durahim nyingsrat sarung, metektek pas ning tengah-tengah terwengkal. Badane gegederen, endase ngelengked ngeburi, ngerasakakaen lare boyok lan petengtangane. Terus saking ulese sing peteng puniku, ketitik deweke kepayahan ngetokaken banyu uyuh sembari nahan panas sing jerone, panas sing na’udzubillah sing sor-an sing kerasane ngobong maring kulit kempole.
Padane wong wadon meteng waktu ngelaeraken, Durahim meteteng sekuat tenage, sekuat nyawane ngeregejeng, tapine gah, la wong dudu bayi sing arep ti lairaken, enje koh sedenget maning, kerungu muni cesssss sing sor sarunge-kaye suare golok seuwise ti pahat lan ti celubaken ning cemberan, wis mengkonon Durahim katisen kaye wedus keudanan kaen. Berag lan senang kedelengan sing reraine, iyane tah, ngoyoni terwengkal panas bise dadi obat sing ngewarasakaen jejeringen?..menawe bae, kepepengene Durahim sembari ngunduri terwengal sing tes ti uyuwi.
Ore ti nyane, ules Durahim kaye wong ruwed, ulese dadi kaye ore bengar kaen, matane melotot-ngejubleg, kerane dudu uyuh sing metu tapi getih, getene ngelembak ning duhur terwengkal, lan ning pepinggirane. Bareng metu kelawan getih kuen ane sewiji barang bentuke putih, segede kacang kedele, rade gilig, tapi kaye lembek mengkonon, wadu gusti, kien kayane sing gawe Durahim ngelarani, nahan lare panas-perih abot ning petengtangane seider bengi mau.
***

“Mang, Mang Dur... Nyilih kampak,” Juhro pemude kampung ngebeker-beker sambil ngodrog-ngodrog lawang pawon. Kerane lagi lemes, Juhro gegemboran gah ore ti sauti, tapi sambil tangi gelati kampak, kerungu suare lawang sing gawe linu ning untu, “Arep ngampak ape, Juh?”
“Mang Kajali mati, tibe sing duhur wit jering.”
Innalillahi wainna ilaihi roji’un....
Durahim rade ore percaye, ore nyangke ning mang Kajali mati. Memang sape wonge sing weru dine kematianne, enje koh wingi meh masih kedelenge sehat-sehat bae, ngideraken jering, encung, jagung lan pete, kelawan care pemasarane sing unik, sape sing karep..., Durahim sambil ngebayangaken mang Kajali.
Durahim rade ketelimbeng, embuh kerane nahan lare ning beboyoke, atawe neleksek ning kematianne Kajali, tapi gancang bae Durahim balik pikir, sembari nyekeli beboyoke kaye wong ore weluye. Durahim ngembil kampak sing mengped ning gedeg pojok pawon, ning sebelah gentong wadah banyu, gancang bae ti nekakaen ning Juhro, “sedenget maning kite merane”
Mengkonon kuen, ning kampung kien mah, lamun ane kepepaten, mangke sekabeh wong lanang sing enom uge sing tue, pade sumanget ngelayad lan ngebantoni sahibul mushibah, kelawan golok congo atawe kampak, wong lanang kuen pade nebangi kayu, wit pring, gedebog gedang, ane sing gegelati tatal garing, ane sing madung kayu, persiapan guna sekeperemen adate ye puniku talil sampe pitung dine.
Uge maring para ibu-ibune, ore ketinggalan rabine Durahim, sing memang dasare rade cingar, reraine entek kare pupur, saking medoke, lambene abang ireng, lake padane teka ning wong mati atawe selametan kawinan. Ti gegem lading sing warnane kelimis, ane sing sijine ngegawe baskom sing ti iseni beras seliter rong liter, kerane wis adate, ngurusi wong mati kebine-bine ripuhe, kadang lebih meriah saking hajatane anak jaro sing nanggap jaipongan atawe orgen dewekan. Sampe nane wong sing kepepaten kuen tirepotaken kare kudu ngenai jaburan, gule kopi, titambah roko sing wis ti preteli tolian ti dokon ning gelas. Biasane sing kepepaten gah senang, kerane wis ti bantoni.
Juhro, teke sambil monggok kampak ning bau tengen, gancang bae nyekel kayu mahoni setekane ning iringan umahe mang kajali. Ning kane wis ane pirang uwong sing lagi nugeli kayu, gawe katil kayu, lan gawe sekatan guna ngaduse mayit.
“Langsung ngampak bae, Juh,” jere Mang Mardi, ketua er-te sing ngeduweni ide ngewujudaken karang taruna, sambil kekebut sambil ngeroko.
“Iya, Mang,” Jawabe sembari nungkluk, Juhro ngebuke kelambi kaye angganane enda uwong-uwong pade ngedelang ning badane perongkolan, kampake ti angkat, ti ayun sekuat tenagane, muni prakkkk..., senajan durung sigar, pepanasan memang lagi waktune panas jase, sambil terus ngampak, mambu kelek Juhro sing akeh wulune nyerebeng, netes kaye gah bany ledeng, la senajan prepen bae mambune gah, enje rabine Durohim meh doyan bae-wis pirang balen njaluk pegatan, tapi sape sing arep open mambu kecut sing badan juhro, wong lian sing lagi ngampak, kemungkinan lagi mikiri mambu keleke dewek di banding keleke Juhro sing pade bae badege..
Sampe wis tekang sing kepirang balen, kayu mahoni sing ukurane sedepe wong tue kuen dadi sigar, Juhro seneng lan gemuyu, usam-esem dewek, ngedeleng pipine rabine Durahim sing kebeneran liwat ngegawe lading. Kebeneran pade ngedelenge, dadi aduan mate, waduh... waduh… kaye bocah tsanawiyah sing tembeke pacangan kaen, pade usam eseme.
***

Bengi sing hawane atis, gelagat belasungkawa masih kerase ning umahe mang Kajali, suare wong ngewace surat yasin kerungu remen-remen, gantian kelawan wewaacan do’a sing liane, tangan wong sing talil pade mando, sambil ngucap amin...amin...ning sor sorot bohlam warne kuning, Durahim kedelengane meringis-meringis nahan lare beboyok kare petengtangane, sambil nyikut tangane Mang Mahdi, sing dodok ning sebelahe,
“Kite balik dipitan ya,” jejeringen kite kumat maning, kaye wong ngebisiki kaen, sambil ngadeg tangane ngembil roko ning gelas, Mang Mardi cuma ngiyani doang.
Durahim kalangkabut, ngegelateni sendal cepite, sing sangkut acak-acakan, paleng gelatine, atawe sebenere ore sabar kelaranen, ahire ngenggo sendal seketemune, sarung ti gulung sampe dengkul, guwancang bae, Durahim melayu, padahal, deweke bise bae sih nguyu ning sor wit kelape, tapi rupane wedi, apek maning embekan ane tetangge sing mati, pemali jige nguyuh sembarangan
Setekane ning arep umahe, ambekane senen-selase, Durahim ngerungu suare rabine sing ngererintih, lan kaye ane wong omong alon-alonan sing jero kamare, pirang-pirang balen kerungu suare kriet amben. Cobe, mbokan anake durung balik sing mushola, atawe lagi nonton TV ning umah tetangge, sedengken tetangge sing ti tinggalaken lakine tahlilan ore bakal arep wani metu mah, waduh... suare kuen gawe penasaran, gawe emosi bae, badan Durahim gegederen, jejeringen kaye tambah larane, kampung sepi lan peteng.
Ti cekel siji watu, ukurane rongkalilipat gegeman tangan. Ti ayun-ayunaken ning duhur genteng. Kerungu muni genteng pecah, pade tugel, pade remuk, pade regel, sehingga suare ngererintih rabine sing gawe cemar mau kaen reren, sedengken saiki, Durahim ngeduweni akeh terwengkal guna ti obong lan ti oyoni. [*]

Catatan:
* Cerpen ini berjudul asli “Tarawengkal”, karya Niduparas Erlang yang dimuat dalam buku kumpulan cerpennya bertajuk “La Rangku”, (Yayasan Seni Surabaya & Selasar Publishing, 2011, hal. 25-33). Ditranslet ke dalam bahasa Jawa Serang oleh Ali Faisal, salah seorang pegiat Banten Muda Community, pada tanggal 27 April 2013.
** di Serang, terwengkal biasanya berbentuk pecahan genteng yang berukuran bundar atau persegi empat, atau batu yang tipis, pipih, dibuat untuk permainan tradisional dengan nama pal-palan, jabaleongan, dan sejenisnya.

0 komentar :

Post a Comment

Back To Top