Berita Baru
Loading...
Sunday 20 December 2015

Kopdar Kenalan ning Facebook


 


Sewulan kenalan karo wadon ning facebook, Boed ngajak kopdar. rencanane boed pengen dolan ning umah si wadon. Boed langsung inbox ning si wadon.
Boed : 'Nong kite arep dolan ning umah si nong.ning endi alamate."
Wadon : 'Sing simpang cilegon kah terus bae sampe stasiun kerenceng. mengko ane umah gede, ane mobil jazz, innova, karo motor trail.'
Boed : 'Siap. Kebeneran kih kakang lagi ning simpang Cilegon...'
Boed langsung tancep gas motore. sepuluh menit nyampe. Boed nginbox maning.
Boed : 'Nong kite wis nyampe kih. Iku tah umah si nonge."
Wadon : 'Udu kang. Sing umah iku jalan maning melok kiwe, nyampe ane bengkel motor.'
Boed : 'Siap. Kih wis nyampe bengkel. kakang sampe ngebut kih. Iki tah umahe.'
Boed : 'Udu kang. Iku mah bengkel Haji Juki. Sing bengkel iku manjing gang sampe umah warna jambon."
Boed : (Jengkel). 'Kih wis nyampe umah jambon. iki kan umahe?'
wadon : 'Udu kang. Ning pinggir umah jambon kuh ane gardu. motor kakang dokon bae ning kono. kakang trus melaku ning galengan sawah. motor mah moal bisa lewat. nyampe mendak umah sing ane kandang wedus.'
Boed : (nyangkin jengkel). 'kih wis nyampe. sepatu klinyar sampe blepotan kih. dengkul sampe teklok. Bener tah iki umahe.'
Wadon : 'Udu kang'
Boed : 'Suetor....' (dongkol bari nahan sikil kepegelan).
Wadon : 'wih aje sewotan sih. sing kandang wedus iku tinggal melaku paling 500 meter. lurus bae. gelateni umah nomor 32 Rt 05/07.'
Boed : 'Yo wes. Tapi bener ya iku umahe. Awas mun ngomong udu maning. tak glepak los geh.'
Wadon : 'Iye kang. aje galak2 ih... kaye ora sayang ning si nong...'
Boed : (ngos-ngosan kepegelen). 'Kih kakang wis nyampe umahe. sing cat putih iki kan.. sesakane sengkleh...'
Wadon : 'Iye bener kang. manjing bae. ning jero umah ane ibu lagi mekprek emping jam semene mah...'
Boed : 'Lah emang si nong e ning endi?'
Wadon : 'Ning Arab kang lagi kekuli...'
Boed : 'suetooooorrrr..' (ngebanting hp)


0 komentar :

Post a Comment

Back To Top