Berita Baru
Loading...
Monday 16 November 2015

CERITA NONG SARIKEM (Puisi Rahmat Helldy HS)


Rahmat Helldy HS
CERITA NONG SARIKEM
: sengsara laki, rabi ning arab saudi

Cangkrang-cangkrang pring ning adep umah
Urip wong wadon ning zaman edan
Udu zamane sing edan tapi menusa kang boten waras
Tegal waris dadi keris
Sawah amba lan lega pegat deduluran
Wong wadon ning Arab laki ning bumi rabi maning
Sarikem! Sarikem ! Sarikem!
Kula wong lanang boten berdaya
Nahan rindu boten kuwat, nahan nafsu amin ngejengat
Damel griya malih ning pupur kang wangi
Wangi silit lan wangi pipi kang biru erem
Sarikem! Sarikem ! Sarikem!
Age balik Nong
Anak sing bayi di tinggal sampun ayu kaya bulan
Kagol kakang mbokan keturuan
Silite mepeg kakang kebayang setan teka ngegoda iman
Aduh laki ditinggal rabi ning Arab
Boten derebe daya kula nangis ning jero ati
Kiriman ora gancang teka anak wis pepacaran
Kakang sepuluh taun boten kuat nahan demen
si amin lamun sipeng ngejengat dewek
Cangkrang-cangkrang pring ning adep umah
Si laki dadi jawara
Rabi siji upah sunat. Rabi roro ciri agama
Rabi telu ciri jawara
Ha.. ha... ha....
Jawara Banten anak wakeh laka sing sekola
Nong Sarikem!
Ning kampung tegal papak
Umah wis pada bagus-bagus
Bocah cilik-cilik pada gawa motor
Karo belajar ngerokok
Bapane sila ning tengah lapang ngoclok remi
Peci miring, Tuhan disampiraken ning lembedang
Nong Sarikem!
Mesjid mesjid sepi, laka wong drailan, laka wong sholawatan
Apa maning wong sholat subuh
Kakang nangis nong dadi laki
Boten berdaya boten derebe upaya
Nong Sarikem!
Gancang balik Nong
Tegal wis dadi pabrik, sawah cukul wesi udu pari
Kebo, wedus, ayam diganti mainan sing negeri China
Bocah cilik belajar nyanyi dudu ngaji.
Bocah perawan wawuda ning dedalan
Menusa kelakuanane wisa pada kaya hewan
Nong Sarikem!
Kakang gatel nong
Di garuk meluduk
Di rinso meloco
Di suntik nggelitik
Nong Sarikem!
Kakang wawuda nong ning jalan Kramat
Kakang edan kenang kemat.

Waringinkurung, 14 Nopember 2015

0 komentar :

Post a Comment

Back To Top